Sabtu, 22 April 2017

Guguritan Perpisahan SMP Nurul Islam Purwoyoso Semarang 2016/2017

Lumantar iki...
Isining atiku ginurit,

Pesen simbah, kula kedhah sekolah..., 
dadi bocah genah, mrenah, ora gladrah...
Pesen rama ibu, sregep mangkat...
supaya dadi wong pangkat,urip ora mlarat...
Pesen bapak/ibu guru, aku kudu sinau...

tambah ilmu, supaya kelakon kabeh kang tinuju...

Matur nuwun guruku,
Amarga meruhi tata krama, subasita, saha trapsila...
Maringi ilmu donya saha ilmu agama...
Pamulangan sampun paring pepadhang...
Kangge kawula saha para kanca, sesarengan ambangun nuswantara...

Matur pangapunten, kula saha para kanca...
asring damel duka...
Nyuwun donga pangestu,
Mugi-mugi sedaya ilmu saged dados sangu...


  1. WAJIB BACA! KENAPA MUDAH MARAH 
  2. SABAR VS MARAH
  3. SEDIKIT TIPS CARA MENGENDALIKAN EMOSI (MARAH) DENGAN RELAKSASI  



  4. Rekomendasi :  
    1. Motivasi (✿◠‿◠)

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

anda sopan, saya segan (✿◠‿◠)